LIRIK TEMBANG CAMPURSARI MEMANIK
MEMANIK
Mung sliramu kang dadi maniking kalbu
Pindho retno kang datan malelo
pawelingku priyo tansah eling
Senadyan adoh rasaku tansah sumandhing
Rino wengi atiku tansah ngenteni
Tan pegat ati ngidam tetesing tresno
Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran
Wong kuning kembang jroning atiku
Asihmu tan ngrenggani dadi usadane
Aku kang nandang bronto
Lilanono caket mring sliramu
Tansah gandheng renteng koyo mimi mintuno
Tak anti aneng gisik samudro lelumbaning asmoro
Ombaking prasetyo tondo hanteping tresno
Sineksen luwung anggarit mendung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh kang layung
Back to
Komentar
Posting Komentar