GELO... LIRIK TEMBANG CAMPURSARI SRAGENAN

 GELO



Ning ngendi nggonku nggoleki
Mung abote kepingin ketemu
Nadyan adoh tak parani
Mung nuruti karepe ati

Bareng saiki ketemu
Kowe tega ninggalne aku
Koyo sinendal atiku
Luh tumetes nelesi pipiku

Yen pancene ora tresno
Mbokyo kondo sing prasojo
Ojo gawe gelo ati
Aku ora bakal nggondeli

Koyo ngene lelakonku
Biyen ngopo kok ndadak ketemu
Yen pancen e ditinggalne
Gawe gelo ati sak lawase

Komentar

LABEL

Lirik Lagu: WISO TRESNO

Lirik lagu : Kedanan Campursari Sragenan