Postingan

Menampilkan postingan dengan label trenyuh

LIRIK LAGU IMBANGONO KATRESNANKU

Gambar
  Saben dino mung ngalamun Jroning sepi, sepi samun Amung tansah kadulu Wewayanganku duh nimas wong ayu Linali tan biso lali Soyo angrerujit ati Lelewane cah manis Amung kumantil ing panduking netro Opo tego siro ni mas cidreng janji Misahke katresnan jati Lamun mangkono piye katresnanmu Piye Katresnanmu Mongko ni mas katresnanku Bebasane tan biso tinuku Cunduk lan prasetyamu Tak korbanake jiwo lan ragaku reff : kembali ke atas..saben dino mung… TRENYUH Neng omah atiku tansah ngalamun, Amargo mikir sing gedhe duwur Dasar bagus pasuryane, Esemane soyo gawe bingung Neng ndalan amung tansah mangu-mangu, Sopo ngerti yen biso ketemu Nanging ati wis ra kuat, Pengen nyanding sliramu wong bagus Aduh sayang yen tak roso Soyo suwe tambah tresno Rino wengi nandang roso trenyuh, Kangen iki mugo antuk jampi Kapan anggonku biso sesandhingan, Bareng sliramu andum katresnan Aku amung tansah nunggu, Tresno iki mung kanggo sliramu