LIRIK LAGU IMBANGONO KATRESNANKU
Saben dino mung ngalamun
Jroning sepi, sepi samun
Amung tansah kadulu
Wewayanganku duh nimas
wong ayu
Linali tan biso lali
Soyo angrerujit ati
Lelewane cah manis
Amung kumantil ing
panduking netro
Opo tego siro ni mas cidreng
janji
Misahke katresnan jati
Lamun mangkono piye
katresnanmu
Piye Katresnanmu
Mongko ni mas katresnanku
Bebasane tan biso tinuku
Cunduk lan prasetyamu
Tak korbanake jiwo lan ragaku
reff :
kembali ke atas..saben dino
mung…
TRENYUH
Neng omah atiku tansah ngalamun,
Amargo mikir sing gedhe duwur
Dasar bagus pasuryane,
Esemane soyo gawe bingung
Neng ndalan amung tansah
mangu-mangu,
Sopo ngerti yen biso ketemu
Nanging ati wis ra kuat,
Pengen nyanding sliramu wong
bagus
Aduh sayang yen tak roso
Soyo suwe tambah tresno
Rino wengi nandang roso
trenyuh,
Kangen iki mugo antuk jampi
Kapan anggonku biso
sesandhingan,
Bareng sliramu andum
katresnan
Aku amung tansah nunggu,
Tresno iki mung kanggo sliramu
Komentar
Posting Komentar