Lirik Lagu: WISO TRESNO
WISO TRESNO Sumuruping suryo wayah sore Mendhung katon lelimengan Kok yo mbarengi atiku kroso gelo Tembang tresnoku ilang muspro . Opo pancen pacoban urip iki Sliramu natoni atiku Abot tenan lelakon sing tak songgo Jebul tresnamu ngemu wiso . Opo pancen wis pinesthi Sliramu kebacut tak tresnani Ning nyatane Sliramu ra biso tak antepi . Pungkasane tak trimo lelakonku Nadyan perih jroning ati Mugo gusti paring pepadhang Kabeh lelakon urip iki

Komentar
Posting Komentar